NGUDA RASA
Apa sing nate dingendikakne para leluhur iku mau, kaya kaya dadi kaca benggala tumrap kahanan saiki. Wiwit saka Presiden, Gubernur terus Bupati lan sak teruse, kabeh pada midun mandegani nyengkuyung mbantu masyarakat sing kena efeke pageblug Corona. Senadyan ta durung kabeh kecandak, ananging kabeh mengko bakal rata kebagian sithik mbaka sithik kanti napis. Awit angurus negara ngono ora gampang kaya nek ngurus wong sak kampung, pirang-pirang puluh yuta mbuh akehe masyarakat sing kudu dilayani.
Ora mung sing resmi lelayanan saka praja pamarintahan, akeh uga masyarakat umum sing pada kegugah atine. Sing pinaringan rejeki luwih ya pada bantu bantu sakpada sing nembe nandang lara covid isolasi ning omah, kanti dipandegani Satgas saka desa. Gusti ora sare – lemah teles Gusti Allah sing mbales, mangkono panemune para kadang sing kegugah ati lan pikirane.
Senadyan ta ana siji lara sing ora sarujuk karo pinemune kawicaksanane pamarintah, nanging kabeh kuwi tansah dadi lathi kembange wong urip bebrayan. Sebab ya kauripan menungsa iki ora ana sing utuh sempurna ning alam donya. Sok ing tembe mburi, wektu kang bakal jujur njawab bener apa salah saka sak kabehing iki.
Pageblug kang kawiwitan ket awal tahun 2020 nganti saiki, ora ana sing iso sanggup anyelaki, kabeh wis pinesthi. Ananging ya wis dadi kewajibane menungsa, kudu terus ikhtiar kanggo ngenthengake pacoban iki. Tumrape wong adat katimuran ya wong jawa, wis nduwe sangu kaprigelan lan tabah ngadepi iki kabeh. Kabukten meh ngancik rong tahun kena pageblug, ya iseh teteg bakoh ngadepi cecoban iki.
Filsafat filsafat jawa sing terus diugemi lan manjing ana awak, kaya kaya dadi tameng urip. Upamane kaya unen unen, atase kewan manuk sing kacarita jarene ora nduwe akal wae isa pada ayo ayo bebarengan. Manuk sing siji golek suket kanggo nggawe susoh, sing liyane golek pangan, terus sing dadi ibuke sabar ndulang anake sing iseh piyek lan sak teruse nganti seprene iseh terus anak pinak. Bab bab kaya conto ing dhuwur iku sing dadi dasar filosofine kadang sedulur kabeh. Mula kaya apa wae reribetan sing dialami, ya mesti bakal tuntas diadepi tumrape wong timur bangsa kita iki.
Beda maneh tumraping partai uga organisasi masyarakat sing punjere politik. Ibarate kaya dodolan, supaya apa sing didol dadi laris. Nanging ya durung mesti payu, durung mesti disenengi, apa maneh yen wayah ngene iki arep golek pelanggan anyar, tangeh lamun bakal entuke. Kanggone rakyat saiki mung kepengene adem ayem, ora pengen regejekan sing ora karuan juntrunge. Angger ana bab sing diumumke saka pamarintahan sing sekirane ora disarujuki salah sawijining ormas utawa partai, mesti bakal dibantah mawa ucap ukara sing kadang ora sakmestine, terus dadi viral rame lan kadang dadi hoax sing mbingungake. Corona sing ning mata wis jelas katon korbane wae ya ana sing iseh ora percaya, sing jarene rekayasa, ana meneh sing ngundamana jare pemerintah apus apus, lan tetep ndableg kumpul kumpul ngenthengake aturan prokes sing wis diundhangne.
Kang kaya mengkana kuwi ket jaman kuna makuna wis terus mesti ana wae. Suara protese saka sing dijenengake oposisi, atas nama HAM, team independen, ditampa pemerintah kanti rasa demokrasi. Kabeh mau bakal amujudake apa sing dikumadangne sila ke papat Pancasila, yaiku punjere musyawarah mufakat kanggo kautamaning bongso. Mula kabeh ayo bebarengan saiyeg saeka praya kanggo mbangun negara lan bangsa Indonesia yo Nuswantara iki. Agustus 2021, Dirgahayu Indonesia, MERDEKA !!! (ririz seno, 1408021)



Komentar
Posting Komentar