SINAU BASA JAWA
Ning jaman modern sing kabeh kepengene sarwa cepet, utawa istilah saiki diarani sarwa instant, bab apa wae – sapa wae, sithik akeh mesthi bakal kaelon melu kahanan. Semono uga ning bab tulisan basa, embuh basa Jawa, embuh basa Indonesia, kabeh pengen sarwa cepet lan gampang. Ora usah adoh adoh contone, yen awake dhewe nerima pesen WA kuwi wae wis ora aneh maneh yen nemu tulisan : sebab ditulis sbb, kowe ditulis kw, aku ditulis aq lan sak paneruse. Ya iki kabeh marga kahanan sing samubarang njaluk sarwa cepet lan gampang.
Ana maneh ning babagan Basa Jawa, sing nganti saiki terus lumaku. Tuladhane, sing dikarepake sing nulis karo kekarepane iku sejatine ora padha, teka (datang) apa teko (ceret), cara (metode) apa coro (kecoak), loro (dua) apa lara (sakit) lan liya liyane. Jane nek digateake, apa sing dikarepake sing nulis ngono ya bener maksude, ananging nek digeret mundur nyang carakan aksara jawa, sejatine ya kurang pener. Miturut penulis, ya iki kaluwihan sing diduweni kabudayan Jawa salah sijine, wis bener ning ana sing luwih maneh yaiku pener, ana unen unen ngendikane simbah biyen “bener ning durung pener.”
Kabeh babagan seratan basa jawa ngono sumbere saka carakan jawa, nek disalin nganggo tulisan latin dadi : ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma, ga, ba, tha, nga. Sak banjure ana sing diarani sandhangan swara, supoyo dadi swara U (suku) – O (taling tarung) – I (wulu) – E (taling) lan liyane, tinambah ana ater-ater (awalan), seselan (sisipan), panambang (akhiran).
Saka bab carakan, sandangan lan imbuhan ning basa jawa mau kabeh, kita lagi bisa mangerteni yen sing pener iku sing endi lan sing endi kang kudu diestreni. Kaya sing lumrah sabendinane wae, conto-contone nulis :
-. piro sing pener nulise pira (berapa)
-. sopo sing pener nulise sapa (siapa)
-. manungso sing pener nulise manungsa (manusia)
-. boso sing pener nulise basa (boso)
Ana maneh, sing dikarepake awake dewe dadi salah marga salah anggone nulis, akhire ya dadi salah tegese, tuladhane :
-. sata (tembakau) dadi soto (masakan)
-. wedi (takut) dadi wedhi (pasir)
-. ngentut (kentut) dadi ngentot (saru)
-. pala (buah) dadi polo (otak)
Mangkono sedulur, ora akeh jlentreh sing isa tinulis, ananging mugi migunani tumraping sapadha. Nuwun.



Komentar
Posting Komentar