ADAT NGAPURANCANG
Akeh sing duwe panganggep yen budaya subasita, tatakrama, utamaning bab-bab ajaran filsafat Jawa, bakal ilang keoyak jaman, ora isa maneh ngetutne majune peradaban kang sarwa canggih iki. Ananging sing wis kasunyatan isa dipersani kabeh sabendinane, budaya leluhur kita iseh tetep lestari nganti saiki.
Akeh contone, sing enom ngajeni sing luwih tuwa, tetembungan nerima ing pandum – urip iku urup – alon waton kelakon, tradisi tahunan ning desa-desa, ageman beskap blangkon lan liya liyane iseh tetep dilestarekake nganti seprene. Yo ana siji loro wong sing solah tingkahe wis ora njawani, ateges ilang jawane, nganggep budoya saka nagari liya luwih apik sempurna. Nanging nek digateake maneh ya iku ora akeh, isa sinebut minoritas lan malah bakal alon sirna ilang, sebab gaib ati danyang leluhur kita iku ora isa diapusi lan wis keceluk sakti.
Buktine wiwit jaman Mataram Hindu, Singasari, Majapahit, Mataram Islam nganti Republik iki, ya Jawa sing nJawani ya iseh lestari nganti saiki.
Bab kabudayan sing iseh terus lestari, salah sawijine yaiku Ngapurancang.
============
Tetembungan mung sak kata ananging ngemut filosofi sing gedhe maknane. Apa iku ngapurancang, yaiku tangan kekaro ditangkepake pas kahanan ngadeg utawa lenggah, karo rada ndingkluk sinambi tetep ngganteake ngarepe. Tujuane ora liya ya aweh pakurmatan maring sing luwih sepuh, lembah manah lan andhap asor maring liyan.
Apa bab ngapurancang iki iseh dielingi lan disinaoni marang bocah sekolah saiki. Jawabe ya iseh. Sebab sabendinane angger arep mlebu kelas ya ndingkluk mbanda tangan ngurmati maring guru. Kejaba iku iseh ana pasinaon basa Jawa sing ning njerone ana bab budi pakerti lan sak panunggalane.
Senajan to kaya ngapa, budaya iki mesti tetep dieling maring siswa sing wis lulus sekolah nganti sepuh mbesuke. Budaya leluhur iki tetep lestari, kanggo nyengkuyung maring kuating nagari.



Komentar
Posting Komentar