PITUTURE WONG SEPUH
Bengi kang sepi semribit angine, kaya meh ngancik wulan ketiga sing dawa. Senajan wayah pageblug corona wis kelewat, ananging warung warung kopi sing biasane bukak nganti ngancik subuh, ing tabuh wolu bengi wis pada tutup. Nyenyet rasane.
“Le…., aja lali ya, nek lewat makam kulon kono uluka salam asalamuallaikum ya….sinambi nyebut….,mbah putune lewat,” mangkono pituture ibuku saben aku pamit mulih saka tilik kangen wong tuwa.
Ora beda rikala mbiyen iseh cilik, saben ana sing tilar ndonya, kuping lan bathuk dileleti injet (kapur kanggo nginang), “Ben ilang sawane lik cah bagus…,” ngendikane bulik rikala semono. Embuh apa sing dikarepake para leluhur biyen, ananging bocah-bocah tetep reriyungan bungah ati manut maring dhawuhe bulik, siji-siji dileleti injet dening bulik, sinambi pada nerusake dolanan dakon, sudamanda lan sakpeneruse.
Bab kang saiki iseh kauri-uri tumraping wong padesan, angger bar nyekar tilik kubur uga bubar ngeterne jenazah menyang pemakaman, kaya dadi kewajiban kudu wijik tangan sikil, sisan ngraupi rai menyang kiwan, sakdurunge mlebu omah.
Wis nate aku kelalen, ibuku kang iseh sugeng sak kawit ngendikan maring aku, "huusss….ora ilok, kana wisuh disek ning kiwan, aja banjur mlebu omah, ben ilang sawane disek le,” kaya mangkono ngendikane ibu marang aku.
“Kadang aku duwe pikiran, apa pancen ana alam kauripan sing dimensine beda ning sak kupenge jenazah lan makam, utowo sinambungan alam gaib kang kudu kita sapa?”
Allahualam aku mung pasrah marang kersaning Gusti Kang Murbeing Jagad.
Injet dileletne ning kuping bocah cilik, uga wijik, raup, wisuh tangan sikil sakwise soko makam, apa iku kabeh mung sanepa saka leluhur sing sejatine kanggo ngresikne kang aran mikroorganisme bakteri ugo virus sing mbok menawa ana sing nempel tumemplek ning awak? Iya, kabeh iku sing dikarepne mbokmenowo kanggo ngresiki aran sawan yo kena sinebut rereget bakteri virus soko badan kasar mau.”
“Iki ora sirik, uluk salam lewat kuburan, kapur injet ditempelne kuping, nyekar nganggo kembang, kabeh kuwi nduwe karep. Sirik iku manggone ana ati lan pikiranmu, ora ning keris, ora ning injet, ora ning kembang nyekar kuburan”, ngendikane para pinisepuh rikala iseh sugeng nek mituturi putro lan putu-putune. Aku sak kanca uga keluarga sing wektu sakmono iseh menangi sugenge simbah, mung manthuk manthuk sinambi mbatin, kanyata adiluhung lan arif, budaya nuswantara kang nganti saiki iseh kauri-uri.
Pikiranku sing nglayang ing bengi iki dadi kelingan wewacan novel cerita alam Keris Kyai Sengkelat, Nogososro Sabukinten. Ana Ki Ageng lan Ki Sunan leluhur kita jaman sakmono. Puji Tuhan Alhamdulillah tanpo sadar kumecap saka batinku.



Komentar
Posting Komentar